• Tentang Kami
  • Contact
  • Privacy Policy
Selasa, Mei 20, 2025
  • Login
  • Register
wukirmas.com
No Result
View All Result
  • Home
  • Kabar Anyar
  • Krida
  • Pariwisata
  • Tokoh
  • Paguyuban
  • Gudril
  • Info
  • Dopokan Banyumasan
  • Galeri
  • Video
  • Home
  • Kabar Anyar
  • Krida
  • Pariwisata
  • Tokoh
  • Paguyuban
  • Gudril
  • Info
  • Dopokan Banyumasan
  • Galeri
  • Video
wukirmas.com
No Result
View All Result
wukirmas.com
No Result
View All Result
  • Home
  • Kabar Anyar
  • Krida
  • Pariwisata
  • Tokoh
  • Paguyuban
  • Gudril
  • Info
  • Dopokan Banyumasan
  • Galeri
  • Video
Home Dopokan Banyumasan

Pak Kasan Sing Penasaran

Mas Kumambang by Mas Kumambang
03/09/2023
in Dopokan Banyumasan
0
Pak Kasan Sing Penasaran

Ilustrasi (Sumber foto: salingshar3.blogspot)

0
SHARES
47
VIEWS
Share on FacebookShare on TwitterShare on Whatsapp

Pas dina Minggu Legi Pak Kasan nang ngumah, lagi liburan wong tanggale ya abang. Kesibukane dadi Ketua RT ya prei.

Njagong nang lincak pring wulung nyekel rokok karo nyanding kopi kenthel dikancani gorengan munthul karo gedang kepok. Santai banget. Jere arep kerawuhan piyayi sekang Jakarta, arep mampir ngumahe. Kebenaran Pak Soleh pinuju kondur nyekar leluhure sisan tilik ndesa Suka Hati sing jere wis ana kemajuane

“Bu”, uluke Pak Kasan kambi garwane sing mondar mandir meng dapur nggawa beceren sekang warung. “Kiye Bu, mengko kan Pak Soleh arep mampir nggone dewek jere kangen karo desane….winginane pas ketemu nang prapatan mbengine njut wa Nyong,” jawabe Pa Kasan karo bojone.

Srengenge ya wis trontong-trontong miwiti gagat awan. Karo ndeleng jam nang nduwur lemari pajangan, karo mbatin ngko nek Pak Soleh rawuh arep takon bab kanca-kanca sing pada nang kota kondisine priwe jere wis pada makmur. Miturut wertane sing sok di critakena nang WA karo pas telpun. Jere kanca batir pada sok ngumpul nggawe kumpulan peguyuban. Pirang-pirang jere.

Baca Juga

Peguyuban Serulingmas Rancang Kegiatan Untuk Tingkatkan Kontribusi Perantau Bagi Warga

Sarasehan Serulingmas dan Perkumpulan Perantau Banyumas berlangsung Meriah

Kepengurusan Serulingmas Periode 2023-2028 Diperkuat Sejumlah Tokoh Muda

Arane ya werna-werna, ana sing segrumbul desa, sekota lan liyane. Sing sok dicritakena anane Seruling Mas. Gemiyen jere sing ngedegna ya para penggede.

Eh,  pas nglamun karo ngrungokna gendhing-gending Banyumasan, pas siaran radio Samhan sing penyiare Bu Sari, ana sing uluk salam, “Assalamu’alaikum.. “

Pak Kasan njut mangsuli, “wassalamu’alaikum…”.

Jemedul Pak Soleh wis nangarep lawang… njur pada salaman, karo rangkul-rangkulan..wong jenenge sobat lawas…mung beda nasibe.

“Mangga, pinarak Pak… jan rawuhe kapan ?” …pitakone Pak Kasan.

“Ya winginane …pas arep maghrib gutule, wong mangkate wis madan awan,” semaure Pak Darno kambi marani kursi, lungguh. Pak Kasan mbatin, wah ketone Pak Darno wis sukses nang Jakarta.

Ora let suwe Bu Kasan, bojone, mbareng krungu ana tamu njut metu,….karo nyalami lan takon, “Nggih sami sugeng Pak keng Ibu…manga pinarak …disekecaken goli dopokan….wong mpun radi dangu nggih,”.

Sembari mlebu….”kula tilar riyin nggih teng pedangan, arep nyiapna unjukan karo pacitan goring gedang.”

Pak Kasan karo bojone wis pada nyiapna pacitan nggo tamu kanca lawase.

Tamune miwiti pitakon, “Priwe kabare rika. Goli usaha tetanen karo ngingu wedus,”

“Alhamdulillah, ya kena nggo nyagak urip karo nyekolahna bocah,” semaure, karo nyedot rokoke.

“Pak jajal critane kepriwe bab anane kumpulan-kumpulan kanca batir goli pada nganakna silaturahmi,” pitakone Pak Kasan.

“Ya bener Kang jan nang kana sedulur akeh sing pada nduwe karep nglestarikaken seni karo budayane nggone dewek,” semaure Pak Soleh karo nyruput kopi sing disandingna Buk Karti.

“Pas taun kepungkur ya nganakna wayangan dalang Banyumasan mengeti ulang tahune Serulingmas kaping 30 tahun,” goli ngendikan Pa Soleh keton serius pisan.

“Miturut critane gemiyen dong jaman Orde Baru dewiwiti tahun 1992 nek ora salah, Serulingmas ngadeg. Sing ngadegna para penggede pirang-pirang ana 45 wong,” nerusna crita karo nyaut gorengan gedang kapok suguhane. “Nganti siki sing dadi Ketua Umum siki ya piyayi sekang Notog Purakerta,” Pak Soleh nutugna critane.

Pitakone Pak Kasan. “Lah, apa anggotane akeh apa priwe, apa ana kantore mbarang.”

“Anggotane ya ana Kang,” Pak Soleh nyaut. “Wong jamane semana sing dadi penguruse ya para penggede lan ya mumpuni sekabehane,” jawabe Pak Soleh.

Pak Soleh nutugna critane: “Seruling Mas ngadeg nang Pendapa Si Panji Purakerta Kabupaten Banyumas.” Karo ngunjal ambekan Pak Soleh nerusna maning, “Sing dadi penguruse sepisan Jendral Dading Kalbuadi, terus Jendral Soesilo Sudarman, banjur Laksamana Tanto Kuswanto, diterusna Pak Kuntoro Mangku Subroto sing Menteri, terus Pak Yuwono Kolopaking sudagar sing trah Kolopaking. Sing kaping nem Pak Wisnu Suhardono pengusaha nganti saiki.”

“Sing dikarepna para pendiri gemiyen,” Pak Soleh nerusna critane, “Seruling Mas bias dadi payunge kumpulan Banyumasan sing ana. Wong maksude yang nggo kukuban eks.Karesidenan Banyumas utawa Banyumas Raya, para perantau. Ning malah wis tekan ngendi-ngendi ora. Ana nang Solo, Jogja, Kediri, Pekalongan, Surabaya, Semarang, Medan, Bandung, Balikpapan, Lampung, Batam malah nganti Irian mbarang,  nang Kairo ya ana,” Pak Soleh nambahi.

Pak Kasan ya takon maning, “Lah kuwe kerjane apa Seruling Mas tumrap nggone dewek, apa ya ana?”

Karo ngranggeh tissue nggo ngelap lambene sing kena lenga gorengan, pak Soleh mangsuli,” Tumrape daerahe dewek ya ana wong maksude ngadegna Seruling Mas kanthi rasa iklas lan tulus sing didasari rasa peduli karo keterpanggilan ya ana nganti siki. Kaya nang Purakerta Museum Pangsar Sudirman ana Museum BRI, nang Purbalingga kae desa wisata Karangbanjar nggon produk gelung rambut, nang Banjarnegara ya Taman Wisata Kewan Seruling Mas desa Selamanik la nang nang Tlacap kae Akper Seruling Mas siki malah wis dadi Stikes.

Karo mlongo Pak Kasan njur takon maning, “Lah sebanjure premen Kang. Lah nganti siki terus kepriwe Kang…….”_  

Nunggu candhake……

(Sing Ndopok: Kang Dayun).

Tags: Pak KasanPak SolehSerulingmas
Previous Post

Ganjar Pranowo Lengser Selasa Lusa, Nana Sudjana Ditunjuk Jadi Pj Gubernur Jateng

Next Post

Pak Karsan Sing Penasaran (2)

Berita Terkait

Panitia Grebeg Asmari saweg Rapat Persiapan
Dopokan Banyumasan

Grebeg Asmari 2023

10/09/2023
Pak Karsan Sing Penasaran (2)
Dopokan Banyumasan

Nggrendengi Serulingmas

10/09/2023
Asal Bakale Jeneng Desa Selakambang
Dopokan Banyumasan

Asal Bakale Jeneng Desa Selakambang

10/09/2023
Pak Karsan Sing Penasaran (2)
Dopokan Banyumasan

Pak Karsan Sing Penasaran (2)

10/09/2023
Lestarikan Tradisi Leluhur, Warga Desa Babadan, Pagentan, Gelar Sedekah Bumi 
Dopokan Banyumasan

Lestarikan Tradisi Leluhur, Warga Desa Babadan, Pagentan, Gelar Sedekah Bumi 

25/07/2023
Next Post
Pak Karsan Sing Penasaran (2)

Pak Karsan Sing Penasaran (2)

Please login to join discussion

Popular News

  • Serulingmas Akan Bersilaturrahmi dengan Perkumpulan Warga Asal Banyumas di Jakarta

    Serulingmas Akan Bersilaturrahmi dengan Perkumpulan Warga Asal Banyumas di Jakarta

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Wisnu: Saya Ingin Generasi Muda Banyumas Warisi Nilai Perjuangan Para Leluhur

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Grebeg Asmari 2023

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Nama Sejumlah Tokoh Bermunculan Untuk Bersaing dalam Pilkada Banyumas 2024

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Serulingmas dan Puluhan Perkumpulan Banyumasan Sepakati Peningkatan Kegiatan Bersama

    0 shares
    Share 0 Tweet 0

Recommended

7 Orang Penerima Papeling Award 2024, Ini Dia Daftar Namanya

MILAD PAPELING KE-14: PARADE SENI PURBALINGGA

IKAGA Campus Expo 2025 : Mark Your Future Unlock and Track Your Pathfinder

TURNAMEN BADMINTON SERULINGMAS CUP 2024 SEBAGAI SARANA MEMBUMIKAN SERULINGMAS

Badminton Serulingmas Cup 2024

wukirmas.com

© 2023 Wukirmas.com - ---.

*

  • Tentang Kami
  • Contact
  • Privacy Policy

Follow Us

Welcome Back!

Sign In with Google
OR

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Create New Account!

Sign Up with Google
OR

Fill the forms below to register

*By registering into our website, you agree to the Terms & Conditions and Privacy Policy.
All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
No Result
View All Result
  • Home
  • Kabar Anyar
  • Krida
  • Pariwisata
  • Tokoh
  • Paguyuban
  • Gudril
  • Info
  • Dopokan Banyumasan
  • Galeri
  • Video
  • Login
  • Sign Up

© 2023 Wukirmas.com - ---.

This website uses cookies. By continuing to use this website you are giving consent to cookies being used. Visit our Privacy and Cookie Policy.